Rasukan adat Jawa utawa busana adat Jawa umum diarani rasukan kejawen sing wis ana kawit jaman mbiyen lan wiwit kebentuk lengkap neng jaman karajan Demak. Seliyane rasukan kejawen uga ana rasukan surjan, rasukan mesiran, rasukan basahan lan rasukan gedhog.
Masing-masing jinis rasukan Jawa iki nduwe makna parumpamaan utawa pralambang sesuai nilai-nilai luhur filosofi Jawa.
Umume rasukan Jawa dibagi dadi 4 bagian yaiku:
Bagian ndhuwur
• Iket utawa blangkon
• Udheng
Bagian tengah
• Rasukan utawa kelambi uga benik
• Jarik lan wiron utawa wiru
• Sabuk
• Epek
• Timang
Bagian mburi
• Curiga utawa keris lan rangka
Bagian ngisor
• Canela yaiku: cripu, selop utawa sandal
• Bebed
Peranganipun busana Jawi ingkang dipunangge ing Karaton Surakarta ing wekdal sakpunika, saking nginggil dumugi ngandhap kanthi urut kados ing ngandhap punika:
1. Udheng
2. Kulambi
3. Sinjang /Dodot
4. Setagen
5. Sabuk
6. Epek Timang lan Lerep
7. Samir
8. Dhuwung
9. Cenela utawi selop
Ing salajengipun saben panganggen badhe ka-urutaken andharanipun, wiwit saking pangertosan, warni-warninipun, saha paugeran panganggenipun.
1. UDHENG
A. Pangertosan Udheng
Udheng basa ngokonipun iket utawi dipunsebat blangkon manawi sampun dados kantun hangagem. Dene basa kramanipun dhestar, punika arupi panganggen ingkang dipunagem kangge nutupi sirah.
Udheng makaten limrahipun kadamel saking kain bathik awujud pesagi, ingkang lajeng kalempit katata kawangun kanthi njlimet supados rerengganipun kiwa tengen sami., lajeng dipun jahit miturut ukuranipun mustaka ingkang ngersakaken. Wekdal sak menika sampun kathah kasade ing toko-toko, udheng sampun dados kantun milih ukuran sarta cakrik sekaranipun.
Kala rumiyin tasih kalimrah Udheng hanggenipun mangangge dipun iras, tegesipun iket ingkang ukuranipun setunggal kacu (taplak meja) lajeng dipun ubed-ubedaken kemawon kanthi tatacara ingkang kalimrah, saksampunipun karaos pas nembe pucuk-pucukipun nembe dipun tangsulaken ing sisih wingking ngandhap mustaka, dene manawi sampun mboten kangge lajeng dipun udari malih.
B. Peranganipun Udheng
Nama – nama peranganipun udheng, cakrik sarta tegesipun:
♦ Kuncung
Inggih menika awujud pucukipun iket, ingkan mapanipun wonten ngajeng ing tengah pas bathuk. Kuncung menika namung wonten ing udheng cekok mondhol.
♦· Wiron
Inggih menika perangipun iket ingkang kaplui/kawiru cemeng warninipun, mapanipun wonten ngajenganipun udheng pas kiwa lan tengen sak nginggilipun alis. (ugi dipun sebat dhestar).
♦ Sunglon
Inggih punika pinggiraning bathik ingkang dipunpapanaken sak nginggiling wiron.
♦ Kemadha
Inggih punika pinggiraning bathik ingkang kapernahaken wonten kiwa tengenipun udheng. Ingkang lancip menika kawastanan cakrik pangkur.
♦ Talingan
Inggih punika peranganing udheng sisih kiwa tengen ngandhap, radi melengkung supados trep mapan sak nginggilipun talingan.
♦ Modangan
Inggih punika namaning cakrik rerenggan bathik ingkang ing udheng mapanipun wonten sisih nginggil (nginggil rikma, wiwit saking ngajengan tumuju tengah, nginggil embun-embun).
♦ Mondholan
Inggih punika peranganing udheng ingkang awujud bunder semu lonjong radi gepeng ingkang kapapanaken wonten sak wingking udheng ing tengah-tengah, trep nginggil githok.
♦ Pucuking Udheng
Ing sisih nginggil manawi wangunipun lancip punika dipunsebut cakrik perbawan (ingkang mangangge hanggadahi raos perbawa). Dene manawi radi papak dipunwastani cakrik kasatriyan (ingkang ngagem hanggadahi raos Satriya).
Cakrik seratanipun sampun nedahaken wonten “Stopres” ingkang isen-isen sekar. Utawi cakrik pangkur ingkang wonten untu walang.
Cakrik perbawan punika minongka dasaring dhestar rikala ageman taksih dados agemanipun Karaton Surakarta.
C. Patrapipun Hangagem Udheng
Patrapipun anggenipun ngagem udheng kedah trep, mboten kenging miring, methongkrong menapadene Jeplak. Kaangkah antawisipun alis kaliyan wironing udheng wiyaripun setunggal nyari.
D. Filosofine Udheng
Supaya menungsa iku sayogyane nduweni pikiran kang kenceng, ora gampang goyah, mung amarga situasi utawa kahanan kang ora ndukung.
2. KULAMBI UTAWI RASUKAN
a. Pangertosanipun
Kados sampun ka-aturaken ing ngajeng, nilih busana Jawi ing Karaton Surakarta Hadiningrat punika Iyasanipun ISKS Paku Buwana III, hawit saking kedadosan wontenipun perjanjen Giyanti Ing warsa 1755 Masehi. Ingkang salajengipun Iyasan punika ngalami ewah-ewahan sarta monceripun ewah-ewahan rikala Jumeneng dalem ISKS Paku Buwana IX saha ISKS Paku Buwana X. gandheng punika naming winates bab rasukan/ageman adat Jawi ingkang limrah dipunagem priyantun kakung ing Surakarta wekdal sakpunika, inggih wiwit jumeneng-dalem Sawargi SISKS Paku Buwana XII, ingkang kaaturaken kados ing ngandhap punika.
b. Wanguning Kulambi Utawi Rasukan
Miturut wangunipun, rasukan busana Jawi kakung, ingkang baku wonten warni kalih inggih punika Atellah kaliyan Beskap, menggah sanesipun hanjumbuhaken kaliyan dasaring kulambi sakawit inggih punika Beskap saha Atellah.
1) Atellah
Ingkang dipun wastani Atellah makaten, awujud jas tutup. Dados wiwit gulonipun, ing tengah katutup dumugi sak pangandhap. Kancingipun wonten tengah-tengah wiwit sak ngandhaping Jangga sak pangandhap, limrahipun wonten 5 kancing utawi benik. Dene sisih wingking sak ngandhap pengkeran dipun krowok, kangge ngetingalaken nyengkelit dhuwung.
2) Beskap
Beskap Jogja |
Beskap makaten wujud jas, gulonipun tutup kanthi kancing ing sisih tengah. Dene kapernah jaja (dhadha) sak pangandhap katutup mawi tangkepan mangiwa, miring mangandhap. Kancingipun kiwa sak pangandhap wonten tiga. Dene sisih tengen jaja dipun pasangi kancing (benik) ugi cacah kalih mapanipun sami kaliyan kancing ing kiwa, minongka pasren. Kadosdene atellah, ing wingking sak pangandhap pengkeran dipun krowok, kangge nyengkelit dhuwung.
3) Sikepan
Sikepan Solo |
Sikepan makaten wangunipun sami kaliyan Atellah kanthi bikaan ing tengah, namung bikaanipun kadamel cupet, dados mboten saget katutup kakancingaken. Ing sisih tengen bikaanipun dipun pasangi kancing, namung minongka pasren. Ing perangan nglebet dipun agemi rasukan Rompi Pethak, gulon tutup mawi kancing sisih tengah sak pangandhap. Sarehning agemanipun mboten saget kakancingaken, pramila manawi ngagem Rompinipun tartamtu ketingal.
4) Langenharjan
Langenharjan punika satunggaling ageman ingkang kathah emperipun kaliyan busana “Barat” inggih punika Jas bikak kados TEXIDO. Tegesipun sakngandhapipun gulu tutupipun jas kawalik kaprenahaken mangiwa lan manengen.
Kancingipun wonten setunggal menapa kalih. Sanesipun pasren. Ing sisih wingking sakngandhap pengkeran ugi dipun krowok. Dene rasukan ingkang wonten nglebet wonten rangkep kalih. Nglebet piyambak “Hem” lengan panjang kanthi gulonipun jejeg ngadeg manginggil (staande kraag) dipun paringi dasi kupu-kupu. Nembe dipun rangkepi Rompi kancing tengah.
5) Beskap Landhung
Beskap landhung punika wangunipun sami kaliyan beskap limrah, namung badanipun langkung panjang kados dene jas limrah. Samanten ugi wingkingipun mboten dipun krowok, kajawi beskap landhung ugi wonten wangun atellah landhung.
Kajawi menika taksih wonten rerangkenipun ageman kasebat ing nginggil inggih punika ingkang dipunwastani”Kemejan” inggih punika rangkepaning gulon saha rangkepaning pucukan lengen, awujud kain pethak ingkang kajahit rangkep wiyaripun kirang langkung 5 Cm. panjangipun kaukur sami kaliyan ubengipun gulon saha pucukan lengen.
6) Taqwa / Surjan
Surjan iku busana adat Yogyakarta. Surjan digawe dening Sunan Kalijaga inspirasi dening model busana ing wektu mbiyen lan salajengipun digunakake dening Mataram. Surjan busana kanggo wong lanang lengan panjang, digawe saka lurik utawa cita-cita ngrembaka. Surjan wangun Tembung Garba (kombinasi saka loro utawa luwih tembung) sing ing tembung suraksa-Janma (manungsa). Surjan miturut siji kertas diterbitake dening sisih : Dwarapura Sultan Palace asalé saka siro term + jan tegese lamp utawa sing menehi cahya.
Sandhangan surjan bisa disebut sandhangan "takwa", amarga iku ing sandhangan filsafat surjan sing makna, antarane wong-wong mau: gulu klambi benik surjan 3 pasangan (6 wiji) kabeh kang ilustrasi rukun iman. Saliyane surjan uga ana rong benik ing dodo kiwa lan tengen. Iku simbol saka syahadat. Kejabi iku, ana telung benik ing nang dada cedek padharan sing dumunung ditutup (ora katon) ing njaba kang nggambaraké telu jinis kepinginan manungsa sing kudu kontrol nafsu. Dadi jenis busana utawa sandhangan ora mung kanggo fashion lan nutup awak supaya ora kepanasen lan kedhemen uga kanggo gaya , nanging nduwèni makna filosofis.
c. Warnining Kulambi Utawi Rasukan
Warninipun busana ing Karaton Surakarta kabentenaken antawisipun atellah kaliyan beskap. Tumrap Atellah warninipun namung wonten kalih, inggih menika cemeng lan pethak. Atellah punika kalebet ageman resmi Karaton Surakarta. Dene beskap kalebet ugi ingkang landhung, ulesipun saget warni-warni, cemeng, abu-abu, kuning gadhing ijem, lan sanesipun.
d. Paugeran Pangageming Rasukan
1) Ing Karaton Surakarta
Sampun dados adat lupiya, busana punapa ingkang dipun agem manawi wonten ing pisowanan, saget kawuningan saking Serat timbalan-dalem. Padatan dipun bentenaken antawisipun pisowanan ageng saha pisowanan padintenan utawi limrah. Umumipun manawi pisowanan ageng punika warninipun cemeng. Dene pisowanan padintenan warninipun merdeka.
a) Pisowanan Ageng
- (1) Tumrap Para Santana Dalem Riya Nginggil sesebatan KPH, KP, KRA agemamnipun sikepan cekak warni cemeng mawi rompi pethak. Udheng Jebehan, Dhuwung Warangka Ladrang.
- (2) Tumrap Abdidalem Bupati Sepuh Riya kanthi sesebatan KRAT agemanipun Sikepan Cekak warni Cemeng, Udheng Cekok mondhol Kuncung, dhuwung warangka Ladrang.
- (3) Tumrap para sentana dalem, abdidalem, bupati, bupati anom ingkang sesebatanipun KRMT, KRT, RMT, RT, agemanipun Atellah Cemeng mawi “Passan”, Udheng Cekok Mondhol Kuncung, Dhuwung warangka Ladrang, nganggar samir.
- (4) Abdi-dalem sanesipun Panewu sak pangandhap, agemanipun Atellah Cemeng, Udheng Cekok mondhol mawi kuncung, dhuwung warangka ladrang, hanganggar samir.
b) Pisowanan Padintenan
Ing pisowann padintenan, sadaya kemawon inggih putra sentana-dalem punapadene para Abdi-dalem, agemanipun beskap sauger mboten cemeng. Kajawi ingkang kadawuhan mengku damel kadosta Abdi-dalem Juru Suranata, Ngulama, srabut agemanipun atellah pethak.
2) Ing Sanjawining Karaton
Busana adat Jawi ingkang sami dipun agem ing sanjawining Keraton, limrahipun manawi wonten pahargyan mantu, tumbuk yuswa, supitan, layatan inggih punika beskap.
(Badhe kaaturaken mligi ing bab Busana Penganten lan Pahargyan)
3. SETAGEN
a. Pangertosanipun Setagen
Setagen punika arupi pirantos kangge nyingseti utawi ngencengaken tumempelipun sinjang wonten badan, supados sampun ngantos mlorod temahan udhar. Setagen bakalanipun kadamel saking kain tenun kandel, benangipun tenun agal, mila radi kaken. Wiyaripun setagen watawis 2 – 4 M. ulesipun warni-warni, wonten ingkang cemeng, ijem, pethak, naming sadaya wau mboten wigatos, jalaran mangenipun setagen punika badhe katutup kaliyan sabuk, wonten nglebet dados mboten ketingal saking njawi.
b. Filosofi Setagen
Nata awak supaya tegap lan santun anggone unggah-ungguh. Supaya dadi wong iku kudu tegap lan santun unggah-ungguhe.
a. Pangertosanipun Sabuk
Sabuk punika ageman ingkang dipun angge nutupi setagen. Dados manawi sinjang sampun dipun singseti, lajeng dipun sinseti malih mawi sabuk, supados setagen mboten ketingal. Dados kadosdene pasren. Kajawi punika sabuk mangkenipun ugi badhe dipun angge nyengkelitaken dhuwung ing sisih wingking. Dados rehdene ageman rasukan ing wingking krowok, pramila ingkang ketingal sanes sinjang utawi setagenipun, ingkang ugi minongka kangge nyengkelitipun dhuwung.
b. Jinis Sarta Cakrikipun Sabuk
Jinis sarta cakripun sabuk punika wonten tiga, inggih punika:
1) Sabuk Cindhe
2) Sabuk Tenunan
3) Sabuk Celupan
c. Filosofi Sabuk
Kudu bisa tekun makarya supaya bisa menuhi kabutuhan uripe. Mula manungsa kudu ubed supaya ora kerja tanpa asil.
5. EPEK TIMANG LAN LEREP
a. Pangertosanipun
Ingkang dipun wastani Epek menika awujud setut ingkang kadamel saking bakalan kain bludru, wiyaripun watawis 5 CM, dene panjangipun watawis 120 – 150 CM. kajawi saking bludru epek ugi wonten ingkang kadamel saking bubatipun kapal (rambut jaran), rambut punapa dene surinipun. Bongkotipun epek dipun pasangi “Timang” utawi Gesper ingkang dipun angge nyandhet ubetipun epek, sarta “Lerep” ingkang kangge nlesepaken tirahaning epek supados mboten kumlewer.
Timang (Gesper) sarta lerep, limrahipun kadamel saking “kuningan” kanthi rinengga ukiran. Malah kepara ukiranipun wonten ingkang dipun tretes inten, barliyan, menapa dene selamaya.
b. Warni – warnipun Epek
- Limrahipun Epek wonten tiga cacahipun, inggih punika:
- 1) Epek Polos
- Epek punika kadamel saking bludru polos, ulesipun wonten ingkang warni biru, abrit, cemeng, wungu, lan sapanungalipun.
- 2) Epek Blodiran
- Limrahipun epek punika kadamel saking bludru, lajeng dipun bolder mawarni-warni. Wonten ingkang cakrik untu walang utawi ombak banyu, wonten ingkang arupi sekaran ron pakis.
- 3) Epek Rambut
- Inggih punika epek ingkang kadamel saking bubatipun kapal (jaran) warni cemeng.
c. Filososfi Epek lan Timang
Epek: Supaya biso kerja kanthi sae kudu Epek (apek, golek, mencari) ilmu kang nduweni manfaat. Yen luru ilmu kudu taberi, titis, saengga bisa mahami kanthi jelas.
Timang: Ilmu kang dientukake kudu dipahami kanthi jelas lan ora ana rasa samang.
a. Pangertosanipun Sinjang
Sinjang basanipun ngoko Jarik utawi Jarit lan Sewek (jawi wetan), kramanipun inggil “Nyamping’. Inggih punika arupi kain bathik ingkang dipun agem kanthi ka-ubedaken ing badan nutupi jaja sak pangandhap, dene watesipun suku ing nginggil polok.
Kain bathik ingkang ka-agem nyampingan utawi sinjang kalawau, saestu arupin wohing pangolah budi para leluhur linangkung run tumurun wiwit jaman kina makina. Kajawi cakrik ingkang rawit (njlimet) lan nengsemaken ugi caanipun ndamel igu rungsit kagarap kanthi njlimet, sabar , telaten, sarta nglampahi pinten-pinten tataran.
b. Warninipun Sinjang
Sinjang limrah ukuran limrah watawis 110 x 260 cm. sinjang Kampuh utawi Dodot langkung panjang katimbang sinjang limrah, inggih punika 4 panjangipun sinjang limrah.
Bab warnining sinjang manawi saperangan ulesipun cemeng, dipun wastani Latar Cemeng. Dene saperangan ageng ulesipun pethak dipun wastani “Bledhak” utawi latar putih.
c. Filosofi Sinjsng
Supaya manungsa ora gampang serik marang wong liya. Yen ana perkara dirampungke kanthi cara apik lan ora grusa-grusu.
7. DHUWUNG UTAWI WANGKINGAN
a. Pangertosan
Dhuwung, basanipun ngoko keris, krama inggilipun wangkingan arupi wujud sanjata tumrap tiyang Jawi ingkang sanget adi luhung. Kawastanan adiluhung amarji sak donya mboten wonten tandhingipun. Wiwit saking padamelanipun ingkang rungsit, rawit, kanthi telaten, sabar sarta eneping manah.
b. Jinisipun Dhuwung Miturut Warangkanipun
Ing ngajeng sampun ka-andharaken bilih dhuwung manawi mboten kaginakaken kedah dipun lebetaken ing wadhahipun, inggih punika ingkang dipun sebat “Warangka”. Dados saking njawi ingkang katingal naming wangunipun warangka, dene nglebetipun isi wilahan utawi keris.
Miturut wangunipun, warangko wonten warni kalih, inggih menika cakrik “Ladrangan” saha cakrik “Gayaman”
1) Warangka Gayaman
2) Warangka Ladrang
c. Filosofi Dhuwung
Maknane yaiku anggone nyembah Tuhan, manungsa kudu bisa ngungkurake godhaning setan kang ngganggu manungsa nalika arep nindakake kabecikan.
Canela yaiku selop utawa sandal kang nduweni arti canthelna jroning nala.
Filosofi:
Yen nyembah gusti Allah kudu saka lair nganthi bathin, pasrah ing njero ati marang kuasaning Gusti Allah.
No comments:
Post a Comment